Jagad Jawa

Kawruh omah Jawa ing primbon

Udakara 25-30 taun kapungkur, lan mesthi wae ing taun-taun sadurunge, miturut Imunarjo lan Ngadirun, kekarone warga Desa Wukirsari, Kecamatan Cangkringan, Sleman, Yogyakarta sing umure wus luwih saka 60 taun, saben ana warga sing arep ngedegake omah mesthi nggandheng tangga teparo.
Werdine nggandheng tangga teparo ora liya kanggo nemtokake apa wae sing kudu disumadhiyakake kanggo ngawiti ngedegake omah. Lan sing ora kalah wigatine, yaiku nemtokake petungan tumrap samubarang gawe kang gegayutan karo kekarepan ngedegake omah. Lan sabanjure uga ngedum gaweyan kanthi gotong royong ngedegake omah. Kahanane pancen beda banget yen katandhingake ing wanci-wanci pungkasan iki.
”Yen saiki wong arep ngedegake omah kuwi sing baku ngetung prabeya utawa wragate. Saliyane kuwi anggone arep ngedegake omah kanthi borongan utawa arep dimandhori dhewe. Yen borongan ya cukup ngundang tukang kayu, tukang batu sakladene lan cukup masrahake wragat jumbuh petungan kabutuhan kanggo nyumadhiyakake kabeh ubarampene. Dene yen dimandhori dhewe ya cukup nyumadhiyakake kabeh ubarampene banjur ngundang tukang,” pratelane Imunarjo.

Dene 25-30 taun kapungkur lan uga taun-taun sadurunge, nalika ana krenteg kanggo ngedegake omah sing kawitan digandheng mesthi tangga sakdesa sing dianggep mumpuni bab petungan yen arep ngedegake omah. Yen tangga sakdesa dianggep ora ana sing mumpuni, racake banjur ngundang tangga desa sacedhake sing duwe kawasisan bab petungan arep ngedegake omah.
Sing kudu dipetung maneka warna, ana pamilihe lemah sing arep didegi omah, pamilihe dina becik kanggo ngawiti ngedegake omah, metung madhepe omah kudu ngener ngendi, petung milih kayu kanggo sakaning omah, metung kapan kudu miwiti masang blandar lan sapiturute. Yektine, miturut Ngadirun, kabeh kawruh bab petungan sing gegayutan karo krenteg ngedegake omah iku asipat turun temurun, ora ana cathetan sing gumathok.
Amarga iku, nalika semana ing sawijining desa ora kabeh warga nguwasani ilmu petung mangkono kuwi. Racake wong-wong Jawa jaman biyen pancen ngugemi ilmu petung sing memet, nanging ora bisa nguwasani sakabehe. Lan murih petungan sing dibutuhake jangkep, umume banjur njaluk tulung marang warga sing dianggep luwih pana ing bab petungan-petungan gegayutan laku ngedegake omah.
Maneka warna ilmu petungan sing asipat tradhisi lesan iku sabanjure diklumpukake ing sawijining buku primbon. Buku-buku primbon sing ngemot ilmu petungan kawruh omah kasebut saiki gampang ditemokake ing papan-papan dodolan buku. Gampang dhewe nggolekine ing papan dodolan buku kaki lima ing pinggir ratan utawa papan dodolan buku-buku lawas.
Mistik
Kaya sing kaemot ing buku Primbon Betaljemur Adammakna sing ngemot maneka warna petungan kawruh omah sing biyen lumrah diugemi bebrayan ing tlatah Yogyakarta, bisa diwaca maneka warna petungan sing gegayutan laku gawe omah. Ana petungan bab pamilihing desa utawa kampung kang arep dienggoni, pamilihing palemahan utawa pekarangan, petungan adheping omah, petungan kanggo miwiti pagaweyan ngedegake omah, petungan ngedegake, mayu lan ngelih omah, petungan ngedegake utawa ndandani omah lan sapiturute.
Yen manut marang petungan-petungan sing wus diklumpukake ing buku primbon kasebut, miturut Siswosubroto, warga Desa Umbulharjo, Cangkringan, Sleman, Yogyakarta nalika wawangunem kalawan Espos dina Minggu (23/11) kapungkur, tumrap wong saiki utawa generasi mudha jaman saiki adhakan bakal nuwuhake pitakonan.
Pitakonan sing mesthi tuwuh antarane, yagene tumrap siji kabutuhan wae petungane maneka warna. Upamane kayadene petungan ngedegake lan mayu omah, ana sing lelandhesan sasi yaiku Sura, Sapar, Rabingulawal lan sapiturute lan ana uga sing lelandhesan mangsa yaiku Kasa, Karo, Katelu lan sapiturute. Kadhangkala yen kekarone digunakake bareng bakal nuwuhake asil petungan sing cengkah, ora cocog antarane siji lan sijine.
Yen ing jaman biyen, piterange Siswosubroto, wong Jawa luwih prigel kanggo njumbuhake petungan sing maneka warna kasebut. Tembung njumbuhake ing kene tegese luwih pana kudu nggunakake petungan sing endi jumbuh karo kabutuhan mangun omah minangka papan dunung, minangka papan kanggo ngrengkuh gegayuhan urip lan minangka papan kang nuwuhake perbawa lan merbawani kang sarwa ayom, ayem lan tentrem.
”Dene tumrap generasi jaman saiki, racake petungan-petungan memet mangkono kuwi mung wates dianggep gugon tuhon, ora tinemu nalar, mistik, cengkah karo logika lan pambiji liyane kang werdine ngejak ninggalake petungan-petungan ngono kuwi. Lan kasunyatane bebrayan Jawa jaman saiki pancen wus ninggalake kawicaksanan lokal kawruh omah sing asumber tradhisi lesan kasebut,” piterange KP Widijatno Sontodipuro, paraga Presidium Pusat Lembaga Kabudayan Jawi (PLKJ) Surakarta, nalika wawangunem kalawan Espos, ing griyane sawetara dina kapungkur.

Hamemayu hayuning bawana tumuju lestarine lingkungan

Miturut sejarawan saka Universita Sebelas Maret (UNS) Solo kang uga budayawan, Soedarmono, yektine saben wewengkon bebrayan ing tlatah tinamtu, mligine ing madyaning bebrayan Jawa, duwe kawicaksanan utawa kearifan lokal kang murakabi banget tumrap upaya ngreksa alam, ngreksa bumi.

Mitos pedhanyangan kang isih diugemi dening saperangan warga ing tlatah karang pradesan yektine mujudake salah sijine kearifan lokal sing tujuwane ora liya kanggo njaga murih alam tetep lestari.
Emane, majuning jaman, rusaking kabudayan lokal amarga dayane budaya saka nagara manca, katambah kapentingan ekonomi wusana ndadekake rusake kearifan lokal kasebut. Mitos pedhanyangan diadhepake kalawan tapsiran agama, tapsiran logika lan tapsiran ilmu pengetahuan modhern. Nalika warga bebrayan papan uripe mitos pedhanyangan iku ora kuwawa ngadhepi kabeh kuwi mau, kearifan lokal kasebut banjur ditinggalake lan wusana cures.
Amarga cures, sabanjure akeh kedadeyan sendhang utawa tuk sumber banyu ing sawijining desa ora kerumat maneh lan suwening suwe mampet, ora mili banyune maneh. Ana uga alas sing banjur sakkepenake dhewe ditegori wite, kayune didol menyang kutha, tanpa dikantheni upaya reboisasi.
Lan emane maneh, budaya manca sing lumebu, tapsiran agama sing lumebu lan ilmu pengetahuan modhern sing ngalahake mitos pedhanyangan kasebut ora nggawa tapsiran anyar sing guna lan dayane padha kalawan kearifan lokal mitos pedhanyangan sing kuwawa njaga lestarine alam lingkungan kasebut.
Gegayutan kalawan kahanan kasebut, ing sawijining wicarana ing Pendhapa Pura Mangkunagaran, sawetara dina kapungkur, arkeolog saka Universitas Gadjah Mada (UGM) Yogyakarta kang uga budayawan, Prof Dr Timbul Haryono, nelakake apa kang nate diandharake dening Sinuhun Pakubuwana X.
Ing sawijining kalodhangan, nalika medhar sabda bab Karaton Surakarta Hadiningrat, Pakubuwana X ngandharake, Karaton Surakarta Hadiningrat, haywa kongsi dinulu wujude wewangunan kewala, nanging sira padha nyumurupana sarta hanindakna maknane kang sinandi, dimen dadya tuntunan laku wajibing urip ing donya tumekeng delahan.
Dudutane, kabeh kang bisa didulu ing alam lingkungan yektine ngandhut tapsiran-tapsiran tinamtu kang bisa dadi gegebengan tumrap manungsa sajroning urip ing alam donya nganti tumekaning pati. Kayadene kearifan lokal kang diugemi warga bebrayan kang murakabi tumrap kapentingan ngreksa lingkungan, yektine uga ngandhut tapsiran tinamtu kang ing jaman kawuri ora dijlentrehake kanthi ngegla ananging sinandi ing mitos, kayadene mitos pedhanyangan.
Tri satya brata
Lan yen dibalekake marang kuwajibane manungsa urip ing madyaning bebrayan yaiku kanggo mujudake hamemayu hayuning bawana, mesthi wae kudu ana laku lelandhesan kabudayan lokal. Lan sesanti hamemayu hayuning bawana yekti mujudake salah sijine kearifan lokal kang murakabi banget tumrap upaya ngreksa alam, ngreksa bumi, njaga lingkungan.
Filosofi hamemayu hayuning bawana ngandhut telung kuwajiban tri satya brata. Miturut budayawan Jawa, Winarso Kalinggo, katelune yaiku rahayuning bawana kapurba waskitaning manungsa, darmaning manungsa mahanani rahayuning nagara lan rahayuning manungsa dumadi karana kamanungsane.
Kanthi mangkono, hamemayu hayuning bawana, jumbuh andharan ing buku Kearifan Lingkungan dalam Perspektif Budaya Jawa, karyane HM Nasruddin Anshoriy Ch lan Sudarsono SH, weton Yayasan Obor Indonesia, 2008, ngemu tapsiran hamengku nagara, hamangku bumi lan hamengku buwana.
Hamengku negara ateges manungsa iku cinipta dening Sing Maha Kuwasa supaya padha bebarengan ngudi karaharjaning nagara, karaharjaning bebrayan lan ngendhani seling surup. Hamangku bumi ateges manungsa wajib njaga, ngrumat lan ngreksa lestarine bumi saisine. Amarga ya bumi saisine iku kang dadi sumber panguripan tumrap manungsa.
Dene hamengku buwana nuduhake kuwajibane manungsa kang luwih amba ing laku ngakoni, njaga lan ngrumat kabeh isining alam, supaya tetep ngesokake sumber daya tumrap manungsa, yaiku sumber daya kanggo nyukupi kabeh kabutuhan uripe manungsa.
Lan yektine, kabeh wujud kearifan lokal sing tundhone ora liya njurung lestarine alam, kayadene mitos pedhanyangan, tradhisi memetri sendhang, tradhisi memetri desa, tradhisi sedhekah gunung utawa sedhekah bumi lan wujud kearifan lokal liyane tebane kabeh tumuju ing memayu hayuning bawana.

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s


%d bloggers like this: